Khutbah
Idul Fitri 1435 H
Taubat
Mumpung Taksih Gesang
Subranto, S.Pd.I.
Kaum muslimin muslimat ingkang dipun rahmati
dining Allah
Wonten ing wekdal
enjang ingkang cerah puniko, monggo kulo panjenengan sami ngunjukaken raos puji
lan syukur wonten ngarso dalem Allah SWT, sahenggo kulo panjenengan sami saget nindakaken
Shalat idul Fitri wonten ing Tlogo Nangsri puniko. fitri artosipun buko, inggih
puniko pinongko tondo bilih kulo panjenengan sami sampun purno anggenipun nindakaken
siyam wonten ing sak lebetipun wulan Ramadhan. Awit saking rahmat lan
kanugerahanipun Gusti Allah kito ngunjukkaen raos syukur amargi saget nuntasaken
seperangan saking rukun Islam kang ganggsal perkawis, ingkang salah
setunggalipun inggih puniko siyam romadhan ngantos sesasi muput. Sak laminipun
kito nindakaken siyam Romadhan, kulo panjenengan sami saget nyingkiraken howo
nefsu saking daharan, ngunjuk lan sak sanesipun. Milo wontenipun dinten riyoyo
idhul fitri puniko kulo panjenengan sami ngraosaken kemenangan kados dene
prajurit ingkang nenbe kundur saking medan perang kalawan mbeto kemenangan
ingkang kilang gemilang. Sak temene cen kados mekaten, ngelawan howo nefsu niku
dumunung sakwijinipun jihad, sawijinipun perjuangan kang ageng. Kanjeng nabi
Muhammad SAW nalikanipun kundur saking peperangan ngelawan musuh kaum kafir lan
musyrikin ing medan perang. Panjenenganipun banjur ngendiko :
“رَجَعْنَا
مِنَ الْجِهَادِ اْلاَصْغَرِ اِلَى اْلجِهَادِ اْلاَكْبَرِ
Artosipun
: Kito kabeh pada bali songko jihad kang cilik (ngelawan
mungsuh) nuju ngadepi jihad kang luwih gedhe
Poro sahabat sami
kaget mireng pangandikan kanjeng nabi puniko, lanjeng sami nyuwun pirso :
Duh kanjeng nabi, kito sedoyo nembe kemawon
nindaaken perang ingkang estu ageng, lajeng perang kandos pundi malih ingkang
linangkung ageng saking perang niki duh kanjeng nabi?
Kanjeng nabi banjur ngendiko
, جِهَادِ النَّفْسِ”
Yoiku Perang ngelawan howo nefsu.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar…
Kaum muslimin rohimakumullah
Awit saking
rahmatipun Allah ingkang moho welas lan moho asih kito sedoyo wontening enjang
puniko kebikak manah sahenggo saget nuhoni panggilan takbir, tahmid, soho
tahlil. Sedoyo wargo tindak dateng tlogo puniko kanti ngajeng-ngajeng
rahmatipun gusti Allah ingkang moho wikan miwah wicaksono. Sedoyo jalmi wonten
ing enjang ingkang cerah meniko makempal ngagunganken asmanipun Allah. Wiwit
saking lare alit ngantos dumugi tiyang sepuh, tiyang ingkang nindaken poso
punopo dene tiyang ingkang mboten poso, tiyang ingkang biasanipun tindak dateng
masjid ugi tiyang ingkang mboten nate nindakaken sholat, sedayanipun sami
nderek bingah lan seneng-seneng awit tumekanipun dinten riyoyo idul fitri
puniko. Allah moho welas lan moho asih, milanipun monggo kito ndedongo dumateng
Allah mugi pangeran Allah paring hidayah dumateng sedoyo kawulanipun supados
kebikak manahipun sahenggo tansah nindaaken shalat lan tindak dateng masjid
mboten anamung wontening dinten riyoyo indul fitri kemawon.
Kito sedoyo ndedongo
dumateng Allah, mugi Pangeran ingkang Moho agung paring hidayah dumateng sedoyo
jamaah ingkang wonten ing tahun puniko mboten nindakaken siyam ramdhan, mboten
melu poso, lan mboten nate tindak mesjid…
wonten ing tahun sak ngajengipun saget nderek poso sesarengan kulo
panjengan sami. Lan sesarengan ugi wonten ing yaumil akhir ing sak mangkeh
lumebet wontenin surganipun Allah. Sedayanipun di pun dangu dening Allah kanti
pangandikan :
يا أَيَّتُهَا
النَّفْسُ الْمُطْمَئِنَّةُ﴿٢٧﴾ ارْجِعِي
إِلَىٰ رَبِّكِ رَاضِيَةً مَّرْضِيَّةً ﴿٢٨﴾ فَادْخُلِي
فِي عِبَادِي﴿٢٩﴾ وَادْخُلِي
جَنَّتِي ﴿٣٠﴾
1.
E, jiwa kang tentrem!
2.
Sira baliya seba ing ngarsane
Pangeranira, kelawan lega, tompo ganjaran marga saka lakunira becik.
3.
Sira malebua golongane para
kawulaningsun kang becik.
4.
Lan malebua ing suwarganingsun.[2]
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar...
Kaum muslimin muslimat ingkang dipun tresnani Allah
Siyam romadhon ndidik dumateng kito sami supados sak purnanipun nindaaken
dawuhipun Allah puniko kulo panjenengan sami dados tiyang ingkang taqwa. Kados
dene pangandikan Allah :
Yaa ayuhalladzina
amanu, kutiba …..
He wong kang podo iman, di dawuhke marang siro kabeh poso, koyo dene sing
wis di dawuhke Allah marang wong-wong sak durunge niro, supoyo siro kabeh dadi
wong sing taqwa.
Sak sampuniun kito nindaken siyam romadhon kedahepun saget ngendaleni howo
nefsu, kados dene kito ugi saget ngendaleni lan nahan ngelak lan luwe saben
ndinten sak jronipun sasi romadhon. Howo
nefsu puniko menawi dipun turuti mboten wonten mareme, paribasan sedoyo sampun
keturutan mesti kemawon taksi wonten karep ingkang pengin dipun gayuh maleh.
Nuruti howo nefsu puniko kados dene tiyang ingkang ngunjuk banyu segoro ingkang
asin. San soyo katah anggene ngombe san soyo nemen anggone kraos ngelak.
Imam al busiri ing dalem kitab al-Burdah ngaturaken :
“وَالنَّفْسُ
كَالطِّفْلِ اِنْ تُهْمِلْهُ شَبَّ عَلَى * حُبِّ الرَّضَاعِ وَاِنْ تَفْطِمْهُ يَنْفَطِمِ”
“Howo nefsu iku koyo bocah cilik, lamun
siro tok ake, mesti terus olehe seneng nyusu. Nanging lamun siro sapih bakal
pedot anggone nyusu.
Kanjeng Nabi ngendikaake yen piyantun
kang seneng nuruti nefsune niku durung biso sempurno imane.
لاَيُؤْمِنُ اَحَدُكُمْ حَتَّي
يَكُوْنَ هَوَاهُ تَبَعًا لِمَا جِئْتُ بِهِ
Ora sempurno imane salah sawijine siro kabeh, sahenggo howo nefsune gelem
di anutake marang agomo kang engsun gowo (yoiku Islam).
Dados
sanes agamine kang dianutake miturut kekarepane howo nafsu, Nanging howo
nafsune kang kedah di pun rem, dipekak sarto dikendalikno lan disetir
dening agami Islam.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar...
Kaum Muslimin Rohima kumullah
Saben-saben piyantun ingkang nggadahi cito-cito lan kepenginan nggayuh
perkawis ingkang sekeco, kepenak lan kamulyan kedah wantun lan purun ngadepi
kasengsaran, karupekan lan tentu kemawon kedah tahan lan sabar.
Kito pengin ngraosaken legining nongko, milo kedah wani kenging pulut. Kito pengin ngraosaken legine madu, milo kedah wani di
entup tawon. Kito pengin nggadahi arto ingkang kathah, milo kedah nyambut damel
ingkang sregep. Semanteno ugi lare-lare ingkang nggadahi cita-cita dodos tiyang
ingkang sukses, milo kedah sregep angganipun sinau, nebihi pergaulan ingkang
kirang sahe lan ngathah-ngatahaken kegiatan ingkang becik, patuh dumatung
tiyang sepuh lan sak pinunggalanipun.
Ringkesipun, sedoyo kelapangan lan kesenengan kedah dipun padosi kalawan
wani nandang sengsoro lan prihatin. Semanten ugi dinten riyoyo idul fitri
puniko, dino kang di rameake kanthi kebingahan lan kesenengan Saget kalampah
mung kalawan wontenipun wulan siyam romadhon. Inggih puniko wulan ingkang ing sak lebetipun,
kulo panjenengan sami saklaminipun sewulan muput terus-terusan ngraosaken
ngelak lan luwe. Milo piyantun ingkang tumut riyoyo ananging mboten purun
nindakaken poso saget dipun wastani tiyang ingkang pados kepenake dewe. Ibarat gelem mangan
nangkane emoh gupak pulute. karepe urip kepenak, ananging
mboten purun nyambut damel.
Lelampahan rekoso rumiyin banjur bungah-bungah sak sampunipun meniko mboten
anamung tumrapipun menungso kemawon. Cobi kito pirsani kupu, asalipun saking
uler. Naliko deweke pengin biso mabur, milo kedah purun poso, mudel lan
mungkrung ugi mboten mangan, mboten ngrikiti godong nganti pirang-pirang ndinten,
akhire dadi kupu iso ngambah gegono mebur kelawan sentoso.
Ingkang mekaten kolo wau kedahipun saget dados pepiling utawi tadzkiroh
tumrapipun kulo panjenangan sami ingkang dening Allah di pun paringi akal,
sahenggo kito kalebet tiyang ingkang saget ngginaken akal paringanipun Allah
kanti sak mestinipun.
Allah Ngendiko :
فَإِنَّ مَعَ اْلعُسْرِ يُسْرًا ،
إِنَّ مَعَ اْلعُسْرِ يُسْرًا (سورة
الإنشراح: 5-6)
Artine
: “Amarga Sa’temene sawuse angel iku ana gampang. Satemene sawuse angel
ana gampang”
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar...
Kaum Muslimin wal muslimat ingkang tansah dipun rahmati
dining Allah.
Makna siyam ingkang sak lajengipun
inggih puniko supados kito kulinten nindakaken amal kesahenan. Setunggalipun
perkawis menawi dipun tindakaken terus menerus bede nuwuhaken
setunggaling kebiasaan ingkang mboten keraos awrat. Kulo panjenengan sami sak laminipun ing wulan
romadhon tansah
sregep tindak dateng masjid saben dintenipun, milo monggo amalan puniko wau
kito lestantunaken kanti makmuraken masjid dalemipun Allah. Sebab sak
sintenipun tiyang ingkang makmuraken masjid, milo wonten ing surgo ing sak
mangkeh bade dipun damelaken griyo ingkang sahe dumateng Allah SWT.
Sak laminipun nindakaken siyam ramdhan kulo panjenengan
sami ugi terbiasa ninggalaken menopo ingkang dados awisanipun Allah amargi kito
tuhu lan ajrih dumateng Allah SWT. Milo sak purnanipun wulan romadhon kito
kedah langkung tuhu lan ajrih dumateng Allah sahenggo saget nebihi awisanipun
Allah.
Tiyang ingkang ngelanggar perintahipun Allah lan
tumindak awon utawi tumindak doso menawi dipun tindakaken kanti terus menerus,
meniko saget ndadosaken ati tertutup lan mboten saget malih mbentenaken
perkawis ingkang awon lan ingkang sahe. Saget ugi sinaoso mengertosi pundi
ingkang sahe lan pundi ingkang awon, ananging nekat lan ngelanggar kanti
tumindak ingkang awon. Imanipun sampun dicabut dening Allah sahenggo mboten
ajrih melih nindakaken doso lan maksiat.
Contonipun : menawi wonten tiyang ingkang nyolong jupuk
amargi kepepet, milo nalikanipun nembe sepindah piyambakipun banjur getun lan
tobat. Ananging sanes wekdal tiyang kolo wau kepepet malih lajeng mbaleni
anggenipun nyolong, karono ingkang kaping kalih mboten konangan tumindak
nyolong niku wau dipun ambali terus terusan ngantos dadi kebiasaan lan sampun
mboten nggadahi raos doso lan salah malih.
Wonten malih tiyang misalipun naliko ngendikan ngapusi,
menawi sampun dados kebiasaan, tiyang sanes sampun mboten percoyo malih kalih
omonganipun sinaoso piyambakipun nambah-nambahi kanti ucapan sumpah. Sebab
ucapan sumpah meniko mboten ateges nguataken menopo ingkang dipun ucapaken,
ananging kata2 sumpah meniko malah san soyo ngetingalaken bilih pangandikanipun
ngapusi.
Conto sanesipun, saumpami wonten piyantun ingkang
ninggalaken solat, milo ninggalaken solat ingkang sepindah saget kemawon
piyambakipun getun lan rumaos doso, kaping kalih lan kaping tigo ugi taksih
getun lan ngrumaosi doso. Ananging menawi sampun dipun ambali kaping bola-bali,
milo piyantun kolowau sampun ilang raos ajrihipun dumateng Allah lan mboten
rumaos doso malih menawi ninggalaken solat.
Wontening setunggalipun Hadits nyebataken :
عَنْ أَبِى هُرَيْرَةَ عَنْ رَسُولِ اللَّهِ -صلى الله عليه
وسلم- قَالَ « إِنَّ الْعَبْدَ إِذَا أَخْطَأَ خَطِيئَةً نُكِتَتْ فِى قَلْبِهِ
نُكْتَةٌ سَوْدَاءُ فَإِذَا هُوَ نَزَعَ وَاسْتَغْفَرَ وَتَابَ سُقِلَ قَلْبُهُ
وَإِنْ عَادَ زِيدَ فِيهَا حَتَّى تَعْلُوَ قَلْبَهُ وَهُوَ الرَّانُ الَّذِى
ذَكَرَ اللَّهُ ( كَلاَّ بَلْ رَانَ عَلَى قُلُوبِهِمْ مَا كَانُوا يَكْسِبُونَ) »
Dipun
riwayataken dening abu hurairah, bilih rasulullah SAW ngendiko : “Salah
sawijining menungso yen tumindak doso, mulo di tandani ono ing atine titik
ireng. Menowo dewekne ninggalke tumindak doso iku banjur taubat, mulo atine
bakal di resiki. Ananging yen dewekne mbaleni tumindak doso meneh, mulo bakal
di tambahi titik ireng mengkono mau nganti nutup atine. Yoiku sing di arani “Ar
roon” koyo sing di ngendikakake Allah
(
كَلاَّ بَلْ رَانَ عَلَى قُلُوبِهِمْ مَا كَانُوا يَكْسِبُونَ)
Mangertiyo,
saktemene opo sing di tindakke menungso kang mengkono mau iku sing nutupi
atine.
Romadhon ingkang sampun kito lampahi meniko kedahipun saget
ngresiki doso lan ndadosaken menungso kados dene bayi ingkang nembe lahir
saking garbo ibune. Ingkang mekaten kolo wau anamung tumrapipun tiyang ingkang
nindakaken siyam romadhon kanti ikhlas lan nyuwun ridhanipun Allah SWT. Tumrapipun
tiyang ingkang mboten ikhlas anamung bade pikantuk ngelak lan luwe kemawon.
Menopo malih tumrapipun tiyang ingkang mboten nderek nindakaken poso,
piyambakipun anamung saget nderek bingahipun dinten riyoyo lan mboten angsal
pahala kados dene tiyang ingkang nindakaken siyam sewulan muput.
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ أَنَّ
رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ كَانَ يَقُولُ الصَّلَوَاتُ الْخَمْسُ
وَالْجُمْعَةُ إِلَى الْجُمْعَةِ وَرَمَضَانُ إِلَى رَمَضَانَ مُكَفِّرَاتٌ مَابَيْنَهُنَّ
إِذَااجْتَنَبَ الْكَبَائِرَ
Dipun riwayataken
dening abu hurairah, saktemene kanjeng Nabi Muhammad SAW ngendiko : solat
limang wektu, sholat jumat nganti sholat jumat sak candake, lan poso romadhon
nganti poso romadhon sak candake, iku mbusak doso-doso cilik sing ditindakke
menungso, yen doso-doso mau di adohi” (HR Muslim)
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar...
Kaum Muslimin wal muslimat ingkang tansah dipun rahmati
dining Allah.
Kito
gesang wonten ing donyo meniko anamung sak wentawis, simbah simbah lan tiyang
sepuh kito ingkang sampun sedo nilar donyo saget dados pepiling kito, bilih
tiyang gesang meniko di pun batesi wekdal lan ngentosi telase yuswo, wonten ing
giliranipun ing sak mangkeh kulo panjenengan sami bade ketimbalan wonten
ngarsanipun Allah. Sak sintenipun tiyang ingkang sampun ketekan malaikat
iszroil mboten wonten ingkang saget ngindar lan mboten wonten ingkang saget
pados selamet. Mesti kabeh bakal mati.
Kullu nafsin dzaiqotul maut..
Kabeh
sing nduweni nyowo mesti bakal mati.
Awak
ingkang kuat menopo dene pasuryan ingkang ayu lan bagus mboten wonten ginane
malih, sebab ajal meniko mboten ningali rupo. Sedoyo menungso bakal ketekan
menawi sampun dugi titi mangsanipun. Lajeng menopo ing saget kito bekto sedo?
Mboten
saneh inggih anamung amal kesahenan, bondo donyo, anak lan garwo mboten wonten
ingkang saget dipun gowo.
Karono
kematian meniko tekanipun mboten kenyono-nyono, milo monggo kita kedah tansah
siap kapan kemawon menawi sampun dumigi titi mongso. Allah sampun maringi kito
hati nurani ingkang saget mangertosi pundi ingkang sahe lan pundi ingkang awon,
monggo kito turuti hati nurani puniko.
Allah
ngendiko :
Fa alhamaha fuju roho wataqwaha…
Sak
temene wis di ilhamke (dituwuhke) ono ing atine menungso kejahatan lan
ketaqwaan..
Ayat
meniko mertandaaken bilih sak temene Allah sampun maringi ilham dumateng
menungso supados mengertosi pundi perkawis ingkang awon lan pundi ingsang sahe.
Niki mujudaken keadilanipun Allah, bilih sedoyo menungso estunipun dipun paring
ati. Pentingipun ati puniko supados saget mangertosi kesahenan, ananging menawi
taksih mboten saget nindakaken kesahenan meniko amargi piyambakipun dereng kebikak
manahipun ingkang saget dipun sebabaken karono sombong utawi saget ugi karono
romongso mboten butuh kaliyan gusti Allah.
Semanten
ugi sedoyo menungso estunipun sampun mangertosi tumindak nopo kemawon ingkang
kalebet tumindak doso, ananging menawi taksih wani ngelanggar meniko karono
piyambakipun mboten ajrih maleh dumateng Allah lan langkung nuruti howo
nefsunipun.
Setungalipun
wekdal kanjeng nabi dipun suwuni pirso :
“duh
kanjeng nabi, menopo kemawon ingkang kalebet tumindak doso”
Banjur
kanjeng nabi ngendiko :
“takokno
marang atimu, doso iku yen atimu rumongso ora tenang marang tumindakiro”
Kaum
muslimin rahima kumullah…
Milo
mumpung kito taksih pinaringan yuswo monggo kito ginaaken kanti taubat ingkang
saestu dumateng Allah SWT, kito nyuwun pangapunten dumateng Allah awit sedoyo
doso lan kemaksiatan kito. Lan kito tuwuhaken semangat wontening babakan
pangibadahan dumateng Allah SWT. Taubat meniko mboten saget di pun
mangkeh-mangkeh, sebab kito mboten saget mengertosi kapan giliranipun nyowo
kito di pun cabut. Semanteno menawi kito taksih dipun paringi yuswo ingkang
lami, tetep kemawon dereng tentu saget taubat amargi menawi kito tansah
tumindak doso ati dados atos kados dene watu, reget kados dene regete koco
pengilon ingkang mboten saget di resiki malih.
Monggo
kito tansah tumindak kesahenan, amargi sedoyo tumindak kesahenan bade dipun
wales dening Allah, sinaoso kesahenan niku wau anamung alit segedening bledug
paribasane. Sedoyo kito meniko mujudaken kholifah utawi pemimpin, paling mboten
pemimpin tumrapipun diri kito piyambak. Milo monggo kito paring tulodo kanti
tumindak ingkang sahe. Tiyang jaler paring conto kesahenan dumateng garwanipun,
pejabat paring conto dumateng warganipun lan pemimpin paring conto dumateng
rakyatipun. Ampun ngantos tiyang ngajeng ingkang kedahipun dadi panutan malah
ngrusak toto krami agami. Pejabat ingkang kedahipun ngayomi warganipun malah
ngrusak rumah tangga warganipun. Piyantun ingkang kedahipun dadi conto ananging
malah ngisinaken warganipun. Estunipun menawi wonten tiyang ingkang mekaten
wau, milo piyambakipun sampun kelangan wibowo. Sebab sinaoso kathah tiyang
ingkang ngormati, niku wau anamung lamis sak pangajengan. Sak wingkingipun
tentu kemawon ngledek lan mboten ngajeni.
Kaum
muslimin wal muslimat rahimakumullah…
Pungkasing
atur, monggo kito tutup khutbah shalat Ied wontening enjang puniko kanti
ndedongo wonten ngarsanipun Gusti Allah swt:
اَللَّهُمَّ انْصُرْنَا
فَاِنَّكَ خَيْرُ النَّاصِرِيْنَ وَافْتَحْ لَنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ
وَاغْفِرْ لَنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الْغَافِرِيْنَ وَارْحَمْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ
الرَّاحِمِيْنَ وَارْزُقْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الرَّازِقِيْنَ وَاهْدِنَا
وَنَجِّنَا مِنَ الْقَوْمِ الظَّالِمِيْنَ وَالْكَافِرِيْنَ.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا
دِيْنَناَ الَّذِى هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَ الَّتِى
فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِى فِيْهَا مَعَادُنَا
وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِى كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلِ الْمَوْتَ
رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شرٍّ
اَللَّهُمَّ اقْسِمْ لَنَا
مِنْ خَشْيَتِكَ مَاتَحُوْلُ بَيْنَنَا وَبَيْنَ مَعْصِيَتِكَ وَمِنْ طَاعَتِكَ
مَا تُبَلِّغُنَابِهِ جَنَّتَكَ وَمِنَ الْيَقِيْنِ مَاتُهَوِّنُ بِهِ عَلَيْنَا
مَصَائِبَ الدُّنْيَا. اَللَّهُمَّ مَتِّعْنَا بِأَسْمَاعِنَا وَأَبْصَارِنَا
وَقُوَّتِنَا مَا أَحْيَيْتَنَا وَاجْعَلْهُ الْوَارِثَ مِنَّا وَاجْعَلْهُ
ثَأْرَنَا عَلَى مَنْ عَاداَنَا وَلاَ تَجْعَلْ مُصِيْبَتَنَا فِى دِيْنِنَاوَلاَ
تَجْعَلِ الدُّنْيَا أَكْبَرَ هَمِّنَا وَلاَ مَبْلَغَ عِلْمِنَا وَلاَ تُسَلِّطْ
عَلَيْنَا مَنْ لاَ يَرْحَمُنَا
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ
الدَّعْوَاتِ.
اللهمَّ
انْصُرْ إخوانَنَا الْمُسْتَضْعَفِين في فِلِسْطِين
اللهمَّ
انْصُرْ إخوانَنَا الْمُسْتَضْعَفِين في سورية
اللهمَّ
انْصُرْ إخوانَنَا الْمُسْتَضْعَفِين في ……
اللّهُمَّ
انْصُرْ إخْوانَنَا الْمُجاهِدِين في فلسطينوا في سورية وا في …….
اللهم
انصرهم نصراً مؤَزَّرَاً
اللهم
وَحِّدْ كَلِمَتَهُم وسَدِّدْ رَمْيَهُم وَأَنْزِلْ فِي قُلُوْبِهِم السَكِينةَ
اللهم كن
لهم وليّاً ونصيراً،
اللهم أنهم
مَظْلُومُون فَانْتَصِرْ لَهُمْ، إِنَّهُمْ فُقَرَاءُ فَأَغْنِهِمْ.
اللّهُمَّ
ارْحَمْ مَوْتَاهُمْ وَاشْفِ جُرْحَاهُمْ. وَتَقَبَّلْ شُهَدَاءَهُمْ، اللهمَّ
أَيِّدْهُمْ بِتَأْيِيْدِكَ وَاحْفَظْهُمْ بِحِفْظِكَ يَا قَوِيُّ يَا عَزِيزُ
رَبَّنَا اَتِنَا فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
Wahamdulillahirobbil ‘alamin..
Wassalamu ‘alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
___________________________________________________
Gunungkidul,
27 Juli 20014
Dipun pendet lan
di pun terjemahaken saking mawerni sumber
Khutbah Idul Fitri Dipun
aturakhen wonten ing Lapangan Tlogo Nangsri Lor & Nangsri Kidul